KEPILUT DEWI SRENGGI

Friday, 18 June 2010 (09:48) | 224 views | 1 komentar

Dening: Narwan Sastra Kelana

AKU ora maido yen Parto kang nduweni titel Sarjana Pendidikan iku lantip pikire. Aku oleh pengalaman lan wawasan maneka warna saka dhewekke. Maklum wae aku mung lulusan SMP. Aku ora bisa nerusake ing SMA amarga wong tuwaku sakloron ora nyarujuki, awit dadi wong nggunung kang kasile ora tetep ora saguh nggragati aku nerusake. Aku nrima, kepiye maneh wong wektu semana aku isih cilik, mung manut ngendikane wong tuwa.

Parto piyantune pancen nalar saben-saben micara. Dhewekke mung guneman bab-bab kang mlebu akal kang diarani logis miturut dhewekke, bab-bab kang tinemu nalar, ora percaya marang bab-bab kang ngayawara, luwih-luwih kang klebu takhayul, blas dhewekke ora percaya. Ing mangka ing desaku isih akeh bab-bab kang dipercaya ana senadjan ora mawujud. Aku ngajeni marang penemune mangkono, amarga pancen anggone sinau mesthine piwulang kang tinemu nalar nganti Parto nyandhak titel sarjanane.

***

Prayakan merti desa ing desaku mung diadani kanthi prasaja. Nanging ing desa kang papane sadhuwure desaku, katon regeng. Pirang-pirang kesenian digelar ing kana. Dhasare Parto wong kutha, durung nate meruhi prayaan merti desa, dhewekke ngeyel ajak aku ngancani nonton prayaan. Nadyan anyes-anyes aku nuruti Parto nuju desa nduwur kana kang ngadani merti desa.

Tetabuhan saya cedhak saya banter keprungu. Tekan papan prayaan Parto katon sumringah. Ana rasa gumun meruhi kesenian tradisional kanthi langsung. Parto nyeneng tanganku. Nggeret aku nyedhaki panggung lengger. Ora maido. Parto kang isih legan mesthine pengin weruh saka cedhak. Kang maraga ing panggung pancen ayu. Ayu lan prigel, eseme tansah agawe anyes atine kang nyawang. Mesthine Parto yo anyes atine.

Parto menehi esem nalika kenya ing panggung mau mandeng Parto. Wah, blaik. Parto ora gelem owah saka papane ngadheg. Ing sisih panggung, ing ngarep pisan. Aku nganti kanyesen ngancani Parto kang kesengsem marang eseme paraga lengger iku. Bareng kenya mau mudhun, Parto gita-gita ngrangsek nuju papan mburi panggung. Aku dadi kisinan ngetutake dhewekke.

“Tepangaken Mbak, kula Parto. Kersa ta tetepangan kaliyan kula?” ngono celathune Parto karo ngulungake astane.

“Matur nuwun Mas Parto. Kula Narti. Mas Parto lenggahipun pundi?” semaure kenya mau kanthi esem kang nengsemake.

“Kula aslinipun kutha Mbak. Nanging kula kost wonten dusun ngandhap mriku. Kula nembe tigang wulan wonten mriki kok Mbak.”

Parto kanthi lugu nyauri pitakon-pitakon kenya kang aran Narti mau. Aku rada ngadoh, nalika saklorone katon saya rumaket anggone padha guneman. Cara bocah saiki aku lagi dadi obat nyamuk. Ngancani wong padha seneng, nanging aku dhewe nyemamem.

“Dadi Jon!” dumadakan Parto celathu banter saka sisihku.

“Apane sing dadi?” pitakonku gumun.

“Narti gelem tak ajak temon ing ngarep pasar sesuk sore. Jebul dhewekke omahe cedhak pasar. Edan, ayune ngedap-edapi tenan.”

Aku mung ngempet guyu nalika Parto mipril nyritakake Narti. Dhewekke ora ngerti yen pancen paraga lengger iku mesthi ayu-ayu. Aku meh paham kenya-kenya paraga lengger ing wewengkon kene. Ananging aku ora becik yen nepungake marang Parto. Kareben dhewekke tetepungan dhewe.

“Dingapura ya Jon, yen sesuk aku arep temon? Sliramu ora tak ajak. Nek wis tepung banget sliramu tak ngerteni, Jon.” Kandhane Parto nalika mulih saka nonton lengger ing prayaan mau.

“Iya, iya. Aku ngerti. Sliramu lagi kasmaran karo kenya mau.”

Sadawane mlaku mulih, ora leren anggone Parto mipril ngomongake Narti, ngalembana, lan malah nggagas menawa dadi sisihane Narti. Tekan ngomah, nganti nyelehake awak, mbok menawa isih ana Narti nggandul ing tlabukan. Parto mesti kethap-kethip ora merem-merem.

***

Bali saka ziarah kuburan, aku liwat omahe Pakde. Ora katon Parto ing ngarepan. Adate Parto sore-sore ngene iki maca buku ing emperan. “Wah iki mesti sida temon karo Narti.” mangkono pandugaku. Wong yen lagi kasmaran adate ora ndelok wayah. Wayahe wong padha ziarah leluhure ing Kemis sore, eh Parto malah kansen karo Narti. Oalah Parto…Parto!

Mudun yasinan, katon Pakde Carik nemoni wong-wong kang lagi wae bubar yasinan lan kondur. Pakde Carik gita-gita ngendika lan katon krenggosan.

“Nuwun sewu sedulur-sedulur, kula nyuwun tulung….. Dik Parto..Dik Parto…..”

“Parto wonten punapa Pakde? Sajak ndrawasi temen Pakde?” Aku matur marang Pakde Carik.

“Anu…Jon, tulungi…Parto mlaku ijen nuju alas kana….tak undang-undang ora nggape…aja-aja…..” Ngono ngendhikane Pakde Carik karo krenggosan.

“Sareh….sareh Pak Carik. Dik Parto ijen punapa kaliyan sinten?” pitakone Pak Umar karo nyaketi Pak Carik.

Kabeh padha ngrubung Pakde Carik. Awit padha mangerteni yen alas kang dituding Pakde Carik mau, kondhang alas kang wingit. Akeh siluman celeng manggon ing alas kuwi. Blaik! Aja-aja Parto digawa siluman utawa lelembut liyane.

Pak Umar banjur ngajak wong-wong kampung padha nggawa obor. Bareng-bareng nututi Parto. Aku uga melu cancut. Aku mlaku ing ngarep pisan. aku sing dadi kanca kenthele Parto ora pengin dhewekke kena godha utawa nganti kagawa siluman alas kuwi.

***

“Narti, aku ora ngira yen omahmu apik banget. Wah wah… kabeh katon mencorong. Sregep anggonmu reresik Nar.”

“Ah, Mas Parto ana-ana wae. Iku rak wis dadi kewajibane bocah wadon. Resik-resik lan ngopeni omah. Mbiyantu wong tuwa, rak ngono ta Mas?” wangsulane Narti karo lelingseman ngadi-adi.

“Lha wong tuwamu endi?” pitakone Parto.

“Sssst! Sampun sare. Kesel, sedina-dina ing ngalas…”

“Oooo….”

“Mas Parto wis nduweni pacangan ing kutha?” Dumadakan Narti takon kang marakake Parto bingung anggone arep wangsulan.

“E ….anu…ngene Nar!”

“Sampun, sampun. Aku ngerti Mas Parto. Ora perlu kok wangsuli. Sing penting, wengi iki Mas Parto ana kene. Karo aku, ngono ta Mas Parto sayang..”

Lagi wae Narti arep ambruk ing dhadhane Parto. Kabeh obor diuripake, aku lan wong-wong kampung padha alok banter nderek aba-abane Pak Umar.

“Parto..! Parto…! Parto….!”

Mak jenggirat! Parto kaget sanalika. Dhewekke ngadheg katon pucet. Ing sandhinge ana celeng gedhe mandheng dhewekke. Irung celeng kang ana anting-antinge iku cengar-cengir. Matane landhep mandeng Parto. Banjur mak sranthal, celeng mau mlayu ilang ing petenge gegrumbulan.

“Syukur Dhik Parto durung kedlarung….” Ngendikane Pak Carik karo ngrangkul Parto kang isih pucet lan awake anyes ndrejes.

“K….k….kepripun niki Pak Carik?” Parto nyuwara kaweden.

“Sliramu mau kepilut Dewi Srenggi, Dhik Parto….mula aku ngajak warga nututi sliramu.”

“Dewi Srenggi?”

“Bener To, Dewi Srenggi. Siluman celeng wadon kang manggon ing alas kene. Siluman mau pancen seneng nggodha wong lanang kanthi memba dadi wong ayu.”

“Lho Jon? Mau kuwi Narti, dudu siluman….!” kandhane Parto isih kurang percaya.

“Ngertiya Dik Parto. Narti kuwi paraga lengger Putrane Pak Mbarep. Narti kuwi kembange desa, tur ora bakalan yen ramane kang priyayi kae ngidini metu mbengi yen ora ditanggap lan diterake ibune.” Pakde Carik ningkasake babagab sapa Narti.

“Lajeng… wau kok manggihi kula?”

“Kuwi dudu Narti, To. Mbok menawa saiki Narti lagi ngimpi ing kasure. Sedulur-sedulur iki kabeh wiwit mau mung nyumerepi sliramu ijen. Malah omong-omong dhewe. banjur padha maspadakake tenan. Eh jebule sliramu guneman karo celeng kang banjur mlayu mau.”

“Dadi ing wewengkon kene isih ana siluman? Lelembut?”

“Bener. Nanging ora ana ing buku-buku lan piwulanganmu nalika kuliyah. Dewi Srenggi ora bakalan klebu ing istilahmu ‘logis’ kae. Wis ayo ndang mulih!” wangsulanku ngguyoni karo ngajak Parto mulih.

“Sik, sik! Topiku mau…” Parto lingak-linguk nggleki topine.

“Niki Mas Parto…cemanthel wonten pang wit puspa..” semaure Dikun karo ngranggeh-ngranggeh topi ing pang wit puspa kang mau kanggo sendheyan Parto.

“Lho…mau tak canthelke ing….”

“Wis, ayo mulih. Tambah ora logis sliramu mengko…”

Wiwit kedadeyan iku, Parto wis ora kerep guneman nganggo istilah logis maneh. Awit wis nemahi dhewe kedadeyan kang ora logis. Kepilut karo siluman celeng. Kepilut Dewi Srenggi.****

Tulisan lain yang berkaitan:

Tidak ada tulisan lain yang berkaitan!

One Response to “KEPILUT DEWI SRENGGI”

  1. dwiyono on Sunday, 3 October 2010 (pukul 12:52 am)

    Pak Narwan, tulisane jan sae pisan, bravo pak!

    Reply

Feel free to leave a comment...
and oh, if you want a pic to show with your comment, go get a gravatar!





«
»
IP